Panjebar Semangat- Abu Nawas lan Wong ngemis kang kathuken
Judul Cerkak : Abu Nawas lan Wong ngemis kang kathukan
pengecap : majalah panjebar semangat
pengecap : majalah panjebar semangat
Edisi : 36
Ana sawijining juragan ing kutha baghdad kang kondhang sugih mbrewuh. Omahe gedhong magrong magrong kendaraane akeh nganthi puluhan. Ing samburine omahe uga ana padusaning kang banyune mening menig, nanging atis banget ora ana siji wae wong kang kuwat kungkum ing padusan iki nganthi suwe, apamaneh ing wayah bengi. Lan saka kuwi mau si juragan nganakake sayembara.
"Sing sapa wani kuungkum ing kolamku wayah bengi bakal ndak wenehi hadhiah dhuwit sepuluh ringgit," mangkono kandhane si juragan kuwi.
Wara wara iki akeh mencutake wong kang padha pengen nyoba, apamaneh bebanane kang cukup gedhe. Ing sawijining dina ana wong ngemis kang njejaluk ing omahe juragan mau. Sandhang panganggone rowak rawek, awake kuru akiing sajak kurang manggan, lan praupane melas banget. senajan mangkono pranyata ora diwenehi babar pisan dening si juragan, si jurgan gelem menehi duwit sauger wong ngemis kuwi gelem kungkum ing kolame dhisek,
"wong ngemis, yen kowe pengin duwit kowe kudu kungkum ing kolamku dhisek sewengi natas, mengko bakal dakwenehi dhuwit sepuluh ringgit? Kowe gelem?" ujare si juragan
"nggihpun mangke kula cobi, " jawabe sing wong ngemis kuwi
Sinambi ngenteni tekane wngi wong ngemis kuwi banjur klunuh klunuh mulih dhisek mesisan ngandhani anak bojone yen dheweke bakal melu sayembara kang dianakake juragan sugih ing kutha baghdad. Wayah surub wong ngemis ikumau bali meyang omahe sang juragan.
" Mengko bengi jam 8 kowe bisa miwiti nyemplung ing padhusan iku lan lagi oleh mentas jam 6 sesok isuk," ujare juragan sugih mau.
Ora lali wong ngemis iku uga banjur ndendunga marang gusti Allah nyuwun diparingi pangayoman sarta amrih banyune ora krasa adhem maneh. Pandongane wong ngemis iki dikabulake dening gusti Allah. Kira kira jam 2 bengi anake wong ngemis iki teka niliki. Kuwatir wae yen bapake nganthi mati kadhemen. Bareng meruhi bapake sehat sehat wae dheweke dadi seneng atine.Pas jam 6 esok wong ngemis mau menthas saka kolam. Atine seneng banget merga dheweke kasil minangkani sayembara kungkum ing padhusan sewengi nathas tanpa merduli adheme hawa. Si juraggan kuwi pranyata ora gelem minangkane janjine.
"ora ora...! Aku ora gelem menehi hadiah marang kowe, kowe wis tumindak licik. Kowe wes akon anakmu nggawe bedhiang ing piggir kolam, yo mesti wae ora ndadhekake kowe kadhemen. wong ngemis iku ora trimo;" Panase genih bedhiang kuwi ora nganthi tekan awakku juragan. sak liyane merga genine adoh, aku rak uga lagi kugkum ing njero banyu, mosok genine bisa mlebu menyang jerone banyu, "Aku tetep ora gelem menehake hadhiahmu!" ujare juragan kuwi ngotot.


Komentar
Posting Komentar