Manjing Daging- Kembang Bangah




Judul Buku : Manjing Daging
Ciptane Dening : Ariesta Widya
Pengecap : Masscom Media
Kekandelan Buku : 155 halaman

Kembang Bangah 

Nalika srengenge disawang wis dhuwur, anggone nantingake doran pacul dipungkasi. Panganggo sing diumbrukake ing galengan disaut. Dicangking tangan kiwa. Tangan tengen nyekel pacul sing arep diresiki nang sendhang pancuran ngisor wit preh sing wis kepangan umur. Dhisik selagine wong-wong durung seneng ingon ingon panggonan kuwi dienggo ngaso manuk deruk. Banjur wayah miisan gawe ngene padha manggung pamer swarane. Nanging iki wes beda. Wiwit iku swara manuk pasreh pinggir sawah wis ilang.

Ing sakiwa tengen sendhang iku pasasat panggonan tetemon kalamangsane bubar gawe. Prawan prawan desa kono lan jaka jakane.
" Diijeni, Lik?" pitakonan saka jaka sing nyelehake pacule.
" Iya kok Di. Lha bapakmu ya ra mangkat ta?" wangsulane marang Sunardi.
"Ah, bapak lagi mbok nom yake, Di. Wong bapakmu dhek nome dadi rebutan. Pamanah yen wis main kethoprak, wog sing nonton lak ngiler. Nek nggandrung lho Di ncen mencutake. Ning wong ki yen jodho, ee kok makceklik entuk mbokmu. Mangka mbokmu ki dhisik ra seneng nonton."
Sing dicritani ndomblong ngrugokake, ora bisa mbayangake kepriye bapake yen lagi main kethoprak.
"Thoprak kene kok saiki ora ana critane ya Lik?"
"Tikna pie? Cah cah sebarakanmu ra dha seneng. Senenga dha main jring jringan. Dha gambus gambusan. Ra retiya nek kuwi rak dudu weke wog jawa."
"modern kok Lik."
"Rak modern modernan, Di. Jenenge kuwalik."
"Wisah Lik. Ngko ketempelan setan jeblongan.
" Ha ya, kaya kae Munawar kok neka neka."
"Neka neka piye ta Lik?"
"Gendheng pa kuwi. Sawah kon nggadhekake."
"Kok eman eman. Arep nggo apa?"
"Cah uteg miring. Sawah kon nggadhekake ki arep dienggo tuku honda!"
"Ki ya jamane, Lik. Ning kabeh kabeh rak gumantung sing nguwasani. Lik Karmidi kena percaya kena ora. Nek aku iki malah kuwalikan. Bapak ki ngajani aku kon kandha Simbok. Kon njaluk honda. Ning dak pikir dawa kok, Lik. Ngko ndak lali doran pacul."

Tekan omah mlipir metu mburi sekolahan. Njujug buntulan pawon terus nylanggrokake pacul pinggir padasan. Padasan iku wis suwe ora ana isine. Kaya isine atine. Wis suwe ora kambon wulangan rokhani. Rasane isih abot arep kepengin kaya dhisik dhisik maneh. Mlebu omah tengah ing meja wis ana wakul cepakan. Sambel korek senengane. Jangan gori anggone methik mburi omah. Gereh petek digoreng glepungg. Digoleki bojoone ora katon.

" Wis mau, Pakne?"
" Ah, ya wis. Ka ngendi iki? Ana wong teka kok omah sepi. Cah cah?"
" Nggonku ngenteni ya wis mau. Ndengeran nganti awan. Wong adate ra nganti bedhug dheng."
"Bener. Ki maune rak marga dha omong omong nang sendhang. Akuu ki meri karo Sunardi. Sunardi anake Kang Seman. Ee, bocah kok le ndalan."
"Piye, piye kok le ngalem nganti kepentut pentut."
" Aku ki crita yen anakmu ki rak njaluk Honda. Lha kok crita yen dheweke ki diojok ojoi bapake kon njaluk Honda mbokne."
" Ya njur njaluk?"
"Lha ya kuwi. Lha kok wangsulane malah nyeleneh. Regane Honda njaluk liru sapi. Piye coba?"

Sing jelas setoran pajek ketambahan anake sing ana SD jaluk dhuwit jarene arep piknik.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Panjebar Semangat- Pandhu Sraya

Rama lan Sita- Lelabuhane Jathayu

Panjebar Semangat- Abu Nawas lan Wong ngemis kang kathuken