Rama lan Sita- Lelabuhane Jathayu
Judul Buku : Rama lan Sita
Penulis: Drs. H. Sutadi lan Dr. RMA Sudi Yatmana
Pengecap: CV. Cendrawasih
Kekandelan Buku :45 halaman
Lelabuhane Jathayu
Rajaning manuk kuwi jenenge Jathayu. Dheweke dadi mitra kenthele Raja Dasatra Mula, bareng weruh anake mitrane dicidra dening Rawana, Jathayu enggal tumandang mitulungi. Kreta kencana ditrrajang bae, Sita direbut. Nanging Rawana nggenggengi orra nguwalake Dedreg uddreg udregan, silih ungkih, rebutan Sita ana ing dening Rawana. Swiwi kiwa sengkleh tugel, isih megap megap ditendhang, kumleyang ing awang awang, tiba ing lemah kejet kejet klebekan. Laju lakuning kretane Rawana nggondhol Sita. Sita kelaran, awake longkrah ora karu karuwan diceneng ceneng kanggo rebutan. Bisane mung nangis melas asih, ngrerintih sedhih. Kewan kewan alas wit witan thethukululan lan sesuketan bae melu welas sedhih. Gunung gunung meneng mbisu susah. Angin ora lumaku. Angkasa timbreng nglemeng nggameng kesaput mega mendhung. Tumeka ing nagara Alengka, Sita dipameri kaendhaning kraton, barang barang lan prabot kang sakaliwat edi peni, mawarna warna rerenggan, lan mas inten barleyan. Rawana nyoba ngari ari serta ngelipur Sita, nanging Sita carita yen tansah eling lan tansah setya marang Rama. Krungu mangkono iku Dasamuka muntab nesune, mratelakake manawa Sita ora teluk arep dienteki. Rawana saya jengkel banjur mrentahake supaya Sita dijaga dening raseksi raseksi sing galak galak lan ndrawasi.
Rama nesu banget. jagad sak isine arep di jungkir walik. Angkasa arrep di kebaki panah. Angin arep disigeg. Srengengene arep dicandet, sorote arep kasirnakake. Kali, tlaga tlaga, sagara, lan samodra, apadene sawarnaning banyu arep kaasatake. Tetanduran, tetuwuhan, lan wit witan arep dibedholi, dirungkadake. Manawa Sita ora kabalekake, para dewa ing kayangan arep disampurnakake. Ing tengahing laku ana sing aweh pamrayoga supaya Rama lan Lesmana minta sraya marang rajaning wanara. Iku kaduga bakal bisa mbengkas karya ngluwari Sita saka kasangsarane.
Komentar
Posting Komentar