Panjebar Semangat- Pandhu Sraya






Judul : Pandhu Sraya
Penulis : Budi Susanto
Tanggal Diterbitake : 4-28 Januari 2012
Kekandelan Buku Kasebut : 54 halaman

Ing wengi kang sonya sepi, Raden Pandhu pasang tumbal ana bumi kang lagi ketaman pageblug. Sawise pinasangan tumbal, suwasana dadi malik grembyang. Sakala akeh para lelembut kang padha sambat ngaguara. Keprungu suwara pating brengok, suwarane lelembut kang wus kena dayane tumbal. Tan pantara suwe suwara iki musna. Ateges para lelembut kang ora kuwat ngrasakake lara padha sumingkir adoh saka desa kono. Salungane para lelembut, kawula kang nandhang lara temah bisa waluya, bagas waras kaya wingi uni. Dene sing kebacut tiwas ora bisa urip maneh, kepeksa dadi kurban dumadine pageblug. 

Kocap, Raden Pandhu kang lagi lelenggahan kalawan ingkang paman Prabu Dasabahu, den rubung dening panakawan catur. Lega penggalihe dene para lelembut wus lunga saka papan kono. Para kang nandhang lara bisa waluya jati. Nanging datan ngerti sangkanig bilahi ana pangamuke wadya bala seluman saka negara Hastanakanca

"we lha Den! Nika onten dhampyak dhampyak nyaketi mriki, den!"(ature petruk)
"Hiya bener aturmu Petruk. Kabeh bakal dak adhepi", wangsulane Raden Dasabahu 
"Anakmas Pandhu, sing prayitna ngati-ati" pramyogane Raden Pandhu
Lakune wadyabala saka Hastanakanca katon ngebaki papan, nrajang merang Raden Pandhu temah dadi perang rame.
"We lha. Gong, ayo ngrewangi ndara. Kae ndara Pandhu dikroyok brekasakan akeh banget", pagajakake Gareng marang Bagong.
"Wah carane kroyokan jan rusuh. Ayo kang! Rawe rawe rantas, malang malang surabaya...Eh malang malang putung." Bagong melu tumandang gawe
"We lha! Sapa kumawani gawe rusaking wadyabalaku, hem!
"Aku putra ing Astina kekasih Raden Pandhu, balik kowe sapa aranmu dene cat katon cat ora, semu nyalawadi".
"Iki warangkanata ing Hastanakanca, jenengku Arya Grisma".
"Yen ngunu kowe padha baliya, aja mbacutake karep kang ora bener". 
"Wus tak temaha, abot mundhi dhawuhe ratu gustiku".
"Ayo ayonana aku. Ora wurung nyawamu anguk anguk naraka".
Kebat kliwat tandange Patih Praswa lan Arya Grisma kang ngrubut Radhen Pandhu datan grigig, awas mulat marang kridhaning mungsuh. Saya suwe Patuh Praswa lan Arya Grisma bisa kapikut dening Raden Pandhu, amung eloke salah kedaden dadi wraha.
" We lha! Elok tenan loh Gong. Mungsuhe ndara sing ngroyok mau bisa kepikut, ning wujude malih celeng", celathune petruk. 
Kocap tindake Prabu Palguna nata ing Singgela, kadherekake Patih Kertabasa, wus manjing wana, kadereng ketemu marang Pandhu. Nedya nyuwun tulung mbengkas reribet, pangamuke sato wana. Lega tyase dene wus ketemu kang den upadi.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Rama lan Sita- Lelabuhane Jathayu

Panjebar Semangat- Abu Nawas lan Wong ngemis kang kathuken