Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2018

Panjebar Semangat- Abu Nawas lan Wong ngemis kang kathuken

Gambar
Judul Buku: Panjebar Semangat Judul Cerkak : Abu Nawas lan Wong ngemis kang kathukan pengecap : majalah panjebar semangat Edisi : 36 Ana sawijining juragan ing kutha baghdad kang kondhang sugih mbrewuh. Omahe gedhong magrong magrong kendaraane akeh nganthi puluhan. Ing samburine omahe uga ana padusaning kang banyune mening menig, nanging atis banget ora ana siji wae wong kang kuwat kungkum ing padusan iki nganthi suwe, apamaneh ing wayah bengi. Lan saka kuwi mau si juragan nganakake sayembara.  "Sing sapa wani kuungkum ing kolamku wayah bengi bakal ndak wenehi hadhiah dhuwit sepuluh ringgit," mangkono kandhane si juragan kuwi. Wara wara iki akeh mencutake wong kang padha pengen nyoba, apamaneh bebanane kang cukup gedhe. Ing sawijining dina ana wong ngemis kang njejaluk ing omahe juragan mau. Sandhang panganggone rowak rawek, awake kuru akiing sajak kurang manggan, lan praupane melas banget. senajan mangkono pranyata ora diwenehi babar pisan dening ...

Manjing Daging- Kembang Bangah

Gambar
Judul Buku : Manjing Daging Ciptane Dening : Ariesta Widya Pengecap : Masscom Media Kekandelan Buku : 155 halaman Kembang Bangah  Nalika srengenge disawang wis dhuwur, anggone nantingake doran pacul dipungkasi. Panganggo sing diumbrukake ing galengan disaut. Dicangking tangan kiwa. Tangan tengen nyekel pacul sing arep diresiki nang sendhang pancuran ngisor wit preh sing wis kepangan umur. Dhisik selagine wong-wong durung seneng ingon ingon panggonan kuwi dienggo ngaso manuk deruk. Banjur wayah miisan gawe ngene padha manggung pamer swarane. Nanging iki wes beda. Wiwit iku swara manuk pasreh pinggir sawah wis ilang. Ing sakiwa tengen sendhang iku pasasat panggonan tetemon kalamangsane bubar gawe. Prawan prawan desa kono lan jaka jakane. " Diijeni, Lik?" pitakonan saka jaka sing nyelehake pacule. " Iya kok Di. Lha bapakmu ya ra mangkat ta?" wangsulane marang Sunardi. "Ah, bapak lagi mbok nom yake, Di. Wong bapakmu dhek nome dadi re...

Panjebar Semangat- Pandhu Sraya

Gambar
Judul : Pandhu Sraya Penulis : Budi Susanto Tanggal Diterbitake : 4-28 Januari 2012 Kekandelan Buku Kasebut : 54 halaman Ing wengi kang sonya sepi, Raden Pandhu pasang tumbal ana bumi kang lagi ketaman pageblug. Sawise pinasangan tumbal, suwasana dadi malik grembyang. Sakala akeh para lelembut kang padha sambat ngaguara. Keprungu suwara pating brengok, suwarane lelembut kang wus kena dayane tumbal. Tan pantara suwe suwara iki musna. Ateges para lelembut kang ora kuwat ngrasakake lara padha sumingkir adoh saka desa kono. Salungane para lelembut, kawula kang nandhang lara temah bisa waluya, bagas waras kaya wingi uni. Dene sing kebacut tiwas ora bisa urip maneh, kepeksa dadi kurban dumadine pageblug.  Kocap, Raden Pandhu kang lagi lelenggahan kalawan ingkang paman Prabu Dasabahu, den rubung dening panakawan catur. Lega penggalihe dene para lelembut wus lunga saka papan kono. Para kang nandhang lara bisa waluya jati. Nanging datan ngerti sangkanig bilahi an...

Rama lan Sita- Lelabuhane Jathayu

Gambar
Judul Buku : Rama lan Sita Penulis: Drs. H. Sutadi lan Dr. RMA Sudi Yatmana Pengecap: CV. Cendrawasih Kekandelan Buku :45 halaman Lelabuhane Jathayu Rajaning manuk kuwi jenenge Jathayu. Dheweke dadi mitra kenthele Raja Dasatra Mula, bareng weruh anake mitrane dicidra dening Rawana, Jathayu enggal tumandang mitulungi. Kreta kencana ditrrajang bae, Sita direbut. Nanging Rawana nggenggengi orra nguwalake Dedreg uddreg udregan, silih ungkih, rebutan Sita ana ing dening Rawana. Swiwi kiwa sengkleh tugel, isih megap megap ditendhang, kumleyang ing awang awang, tiba ing lemah kejet kejet klebekan. Laju lakuning kretane Rawana nggondhol Sita. Sita kelaran, awake longkrah ora karu karuwan diceneng ceneng kanggo rebutan. Bisane mung nangis melas asih, ngrerintih sedhih. Kewan kewan alas wit witan thethukululan lan sesuketan bae melu welas sedhih. Gunung gunung meneng mbisu susah. Angin ora lumaku. Angkasa timbreng nglemeng nggameng kesaput mega mendhung. Tumeka ing nagara ...

Manjing Daging- Setoran

Gambar
Idhentiti Judul: Manjing Daging Pengecap: Masscom Graphy Dening : Ariesta Widya Kekandelan buku: 155 halaman Setoran Kenthongan klurahan kuwi. Swara iku wes diapali wiwit dheweke nerusake sesanggeman bapake dadi kabayan Desa.  Kangbyn diutus pak lurah nanging yanuri dereng saged mbayar setoran niku. Tekan kelurahan kraton sepi. Pendhapa sing jembar remeng-remeng marga lampu gantung kuna.  Lagi wae mlangkah galur ngeringan, Mbah lurah jumedhul saka kamar sing dienggo kantoran. Dheweke banjur terus lungguh amben kayu jah dawa sing ngebaki omah tengah. Kang bayan dipuntangleti mbah lurah bab setoran, nanging , nanging kangbayan mboten saget nyetor hasil setoran amarga katha sing mboten mbayar.  Mbah lurah mencureng, banjur suarae sentak, mbah lurah debat karo kangbayan. Kangbayan mbalela perintah, dheweke ditinggal ana amben dawa iku kanti tanpa tembung. Pikirane nglambrang . Apa sing bakal tumiba awake.  Banjur tanpa noleh metu nglow...